Monday, August 22, 2011

Brambang

Brambang utawa Bawang abang (Allium ascalonicum L.) iku jeneng tanduran saka familia Alliaceae lan jeneng saka umbi sing dikasilaké. Umbi saka tanduran brambang minangka bahan utama kanggo bumbu dhasar masakan Indonesia. Brambang kalebu tanduran sayuran. Tanduran iki biyasané kanggo bumbu masakan, utawa kanggo wuwuran ing masakan. Masakan kang biyasané diwuwuri brambang yaiku soto, sop, sega gandul, sega pindhang, semur,mie goreng, mie godhog, lan liya-liyané. [1]Brambang biyasané diiris tipis, digoreng banjur diwuwurna ing masakan. Nanging ati-ati yèn nggoreng brambang, amarga brambang yèn digoreng gampang gosong.
Brambang iku sayuran kang ana méh ing kabéh masakan. Fungsiné kanggo gawé sedhep masakan. Ing kondisi Indonesia saiki, Indonesia lagi krisis ékonomi, saéngga kudu bisa ngoptimalké sumber daya alam supaya perekonomianné cepet pulih. Indonesia kalebu negara agraris. Ananging saiki Indonesia malah ngimpor brambang saka manca negara. Kahanan kang kaya mengkéné ndadékaké Indonesia kudu nduwe greget kanggo ngembangaké pertanian brambang.

Paédah

Brambang gorèng iku brambang sing diiris tipis lan digorèng nganggo lenga gorèng sing akèh (agung). Umumé, masakan Indonesia kaya soto lan sup nganggo diwur-wuri brambang gorèng supaya luwih sedhep. Brambang uga ngandhut zat pengatur tuwuh alami arupa hormon auksin lan giberelin.
Brambang nduweni zat kang jenengé ''tolbutamide'' Brambang wis suwe dadi obat kang manjur kanggo ngobati diabétes. Brambang uga wis suwé misuwur ing ilmu kedokteran, amarga khasiaté kang akeh banget. Saka panalitén-panalitén modern, nuduhaké yen brambang nduwé daya kanggo nurunaké gula darah lan daya iku mau katemokaké ing kadar kang ana ing panganan kang ana bumbu brambangé.
Para panaliti ing India nggunakaké brambang kang wis digawé jus apadéné kang isih bunder lan wutuh, gedhéné kurang luwih 25-200 gram.Saya akéh brambang kang digunakaké saya kurang kadar gula darah. Ora ana bédané khasiat brambang kang isih mentah apadéné kang wis digodhog utawa digoréng.
Miturut teori kang diandharaké tim panaliti, brambang uga nduwéni pengaruh ing metabolisme gula ing njero ati, utawa metabolisme pelepasan insulin.Brambang bisa ncegah rusaké insulin. "Agen" kang nduwéni kamampuan hipoglikemia, bisa nurunaké kadar gula] darah. ''Agen'' iku ora liya zat aktif kang arané allyl propyl disulfide lan allicin.  Bukti eksperimen lan klinis nuduhake yen allyl propyl disulfide bisa nurunaké [gula]] darah kanthi cara ningkataké “masa hidup” (lifespan) insulin.
Wiwit taun 1923, para ilmuwan ndetéksi depressor gula darah ing brambang, lan ing taun 1960, para panaliti bisa ngisolasi senyawa antidiabetes saka brambang. Senyawa iki cara kerjané mirip obat farmasi antidiabetes umum. Zat antidiabetes iki arané tolbutamide.  Zat iki kerep dienggo ngurangi kadar gula darah. Cara kerjané tolbutamide yaiku kanthi ngrangsang sintésis lan ngetokaké insulin. Ing panalitén, para ilmuwan nggunakaké kelinci kango percobaan. Ing panalitén iki nuduhaké yèn ekstrak brambang, 77 persen pada efektifé karo dosis standar tolbutamide.
Hasil panaliten uga nuduhaké yèn brambang nduwé éfék nurunaké gula lan lemak darah. Mulané dianjurké supaya nambahaké brambang ing saben masakan. Tujuwané supaya njaga kadar gula darah.  Brambang bisa digunakaké ing masakan. déné cacahé sembarang.
Studi Chandalia sakanca nuduhaké yèn asupan utawaintake serat larut kang akéh bisa dicukupi kanthi konsumsi panganan alami kang akéh serat. Diet tinggi serat kanthi éfék samping kang minim bisa dilaksanakaké wong kang nandang penyakit diabétes. Mulané kanggo ningkataké serat, penderita diabétes bisa mangan sayuran utawa woh kang akéh serat.
Panganan kang akéh seraté bisa digunakaké kanggo diét tinggi serat. Panalitén Chandalia sakanca, arupa woh koktail, jeruk seger, nanas seger, [[kates] seger, buah persik (peach) segar, buah ceri, tomat segar, jagung, zucchini, kacang ijo, roti whole-wheat, lan ''havermout'' (oatmeal dan oat bran). Utamane jeruk dan nanas, kacang ijo, lan ''havermout'' kalebu sumber serat larut.



No comments:

Post a Comment

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...